Asal-usul Diponegoro
Diponegoro kuwi putra pambarep Hamengkubuwana III, raja Mataram ing Yogyakarta. Lair tanggal 11 November 1785 ing Yogyakarta saka garwa ampil kang asmané R.A. Mangkarawati, yaiku garwa ampil kang asalé saka Pacitan. Pangeran Diponegoro duwé jeneng asli Raden Mas Ontowiryo.Mangertèni kalungguhané minangka putra saka garwa ampil, Diponegoro nulak kersaning sang rama, Sultan Hamengkubuwana III kang arep ngangkat dadi raja. Panjenengané nulak amarga ibuné dudu garwa padmi. Panjenengané kagungan garwa telu yakuwi: Bendara Raden Ayu Antawirya, Raden Ayu Ratnaningsih, lan Raden Ayu Ratnaningrum.
Diponegoro luwih kepéncut marang babagan agama lan cedhak karo rakyat saéngga luwih seneng manggon ing Tegalrejo, dalemé éyang buyut putri, permaisuri saka HB I Ratu Ageng Tegalrejo tinimbang urip ana ing kraton. Pambrontakané marang kraton diwiwiti nalika kapemimpinan Hamengkubuwana V (1822) yakuwi nalika Diponegoro dadi salah siji anggota perwalian kang ndhampingi Hamengkubuwana V kang isih umur 3 taun, déné pamaréntahan sadina-dina dicekel déning Patih Danurejo bebarengan karo Residen Walanda. Cara perwalian kaya mangkono kuwi ora disarujuki déning Diponegoro.
Riwayat Perjuangan
Sikap Diponegoro kang nentang Walanda sacara terang-terangan, olèh simpati lan dhukungan saka rakyat. Kanthi saran Pangeran Mangkubumi, pamané, Diponegoro nyingkir saka Tegalrejo, lan gawé markas ing sawijining guwa kang jenengé Guwa Selarong. Wektu kuwi, Diponegoro nyatakaké yèn perlawanané kuwi minangka perang sabil, perlawanan ngadhepi kaum kafir. Semangat "perang sabil" kang dikobaraké déning Diponegoro nggawa pengaruh nganti tekan wilayah Pacitan lan Kedu. Salah sawijining tokoh agama ing Surakarta, yakuwi Kyai Maja, mèlu nggabung karo pasukan Diponegoro ing Goa Selarong.
Sajroning perang iki karugên pihak Walanda ora kurang saka 15.000 tentara lan 20 yuta gulden.
Manéka cara terus diupayakaké déning Walanda kanggo nyekel Diponegoro. Malah nganggo sayembara barang. Bebungah 50.000 Gulden diwènèhaké kanggo sapa waé kang bisa nangkep Diponegoro. Nganti pungkasané Diponegoro dijebak lan dicekel ing taun 1830.
Penangkapan lan pengasingan
- 16 Februari 1830 Pangeran Diponegoro lan Kolonel Cleerens ketemu ing Remo Kamal, Bagelen, Purworejo. Cleerens ngusulaké supaya Kanjeng Pangeran lan pendhèrèk lèrèn dhisik ing Menoreh sinambi nunggu karawuhané Letnan Gubernur Jenderal Markus de Kock saka Batavia.
- 28 Maret 1830 Diponegoro nemoni Jenderal de Kock ing Magelang. De Kock meksa nganakaké perundingan lan ndesek Diponegoro supaya ngendhekaké perang. Panjaluk iki ditulak déning Diponegoro. Nanging Waelanda wis nyepakaké panyergapan kanthi tliti. Dina kuwi uga Diponegoro ditangkep lan diasingaké menyang Ungaran, banjur digawa menyang Gedhung Karesidenan Semarang, lan langsung menyang Batavia migunakaké kapal Pollux ing tanggal 5 April.
- 11 April 1830 tekan Batavia lan ditawan ing Stadhuis (saiki gedhung Museum Fatahillah), sawetara nunggu kaputusan saka Gubernur Jenderal Van den Bosch.
- 30 April 1830 kaputusan wis metu. Pangeran Diponegoro, Raden Ayu Retnaningsih, Tumenggung Diposono lan garwa, sarta para pedhèrk liyané kaya Mertoleksono, Banteng Wereng, lan Nyai Sotaruno bakal dibuwang menyang Manado.
- 3 Mei 1830 Diponegoro lan rombongan dibudhalaké nganggo kapal Pollux menyang Manado lan ditawan ing Bèntèng Amsterdam.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar