Kamis, 17 Februari 2011

Cut Nyak Meutia Java Version

Cut Nyak Meutia

Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Cut Nyak Meutia (1870 Pirak, Keureutoe, Aceh Utara-24 Oktober 1910) kuwi pahlawan nasional Indonesia saka dhaérah Aceh. Panjenengané disarèkaké ing Alue Kurieng, Aceh
Wiwitané Cut Meutia berjuang nglawan Walanda bebarengan karo garwané, yakuwi Teuku Muhammad, utawa Teuku Cik Tunong. Nanging ing sasi Maret 1905, Cik Tunong kecekel déning Walanda lan diukum mati ing pinggir panté Lhokseumawe. Sadurungé séda, Teuku Cik Tunong pesen marang sahabaté Pang Nagroe supaya gelem nikah karo garwané lan ngrawat anaké, Teuku Raja Sabi.
Cut Meutia banjur nikah karo Pang Nagroe, nurut wasiat garwané, lan nggabung karo pasukan liyané ing sangisoré pimpinan Teuku Muda Gantoe. Ana ing sawijining pertempuran karo Korps Marechausée ing Paya Cicem, Cut Meutia lan para wanita mlayu mlebu alas. Pang Nagroe dhéwé terus nglawan nganti pungkasané tiwas ing tanggal 26 September 1910.
Cut Meutia banjur bangkit lan terus nglawan bebarengan karo sisa-sisa pasukan. Panjenengané nyerang lan ngrampas pos-pos kolonial sinambi maju menyang Gayo ngliwati alas. Nanging ana ing tanggal 24 Oktober 1910, Cut Meutia lan pasukkané tarung karo Marechausée ing Alue Kurieng. Jroning perang campuh mau Cut Nyak Meutia gugur.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar