Ki Hajar Dewantara
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Ki Hadjar Dewantara (Yogyakarta, 2 Mei 1889–26 April 1959) kuwi sawijining pelopor pendhidhikan kanggo kaum pribumi Indonesia ing zaman penjajahan Walanda.Lair kanthi jeneng Raden Mas Suwardi Suryaningrat, Ki Hajar Dewantara ngadegaké perguruan Taman Siswa sing mènèhi kasempatan marang para pribumi supaya bisa olèh pendhidhikan kayadéné para priyayi utawa wong-wong Walanda.
Tulisan Ki Hajar Dewantara sing misuwur yakuwi "Yèn Aku Wong Landa" (irah-irahan asli: Als ik eens Nederlander was), dipacak ing surat kabar de Expres duwèké Dr. Douwes Dekker, taun 1913. Artikel iki ditulis jroning kontèks rencana pamaréntah Walanda ngumpulaké sumbangan saka Hindia Walanda (Indonesia), sing wektu kuwi isih durung mardika, kanggo prayaan kamardikan Walanda saka Prancis. Ki Hajar Dewantara séda tangggal 26 April 1959 lan disarèkaké ing Wijayabrata, désa Mlati, Sleman, Yogyakarta. Tanggal lairé, 2 Mei, sabanjuré didadèkaké Dina Pendhidhikan Nasional ing Indonesia. Ki Hajar Dewantara dikenal minangka Bapak Pendhidhikan Indonesia lan pasuryané bisa dideleng ing dhuwit kertas pecahan Rp20.000.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar