Kamis, 17 Februari 2011

dewi Sartika Java Version

Dewi Sartika

Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Déwi Sartika
Dewi Sartika (Bandhung, 4 Desember 1884 - Tasikmalaya, 11 September 1947), punika tokoh Sundha ing widhang pandhidhikan kaliyan kabangkitan kaum èstri. Dipunakeni satunggiling Pahlawan Nasional déning Pamaréntah RI taun 1966.

 Babad salira

Dewi Sartika miyos saking kulawargi ménak (Priyantun) Sundha, Nyi Radèn Rajapermas kaliyan Radèn Somanagara. Sanadyan nglanggar tradhisi kala punika, tiyang sepuhipun nyekolahaken Dewi Sartika wonten ing satunggiling sekolah Walandi. Sasampunipun bapanipun séda, lajeng Dewi Sartika dipunopèni déning pakdhénipun (kangmas ibunipun) ingkang kagungan pangkat patih ing Cicalengka. Saking pakdhénipun, Dewi Sartika pikantuk pendhidhikan prakawis kabudayan Sundha, wondéné wawasan kabudayan Kilèn piyambakipun pikantuk saking nyonyah sémahipun satunggiling Asistèn Résidhèn.

[sunting] Yasanipun

Ing 16 Januari 1904, Dewi Sartika mbikak Sakola Istri (Sekolah Wanita) ingkang kapisan saubengipun Hindia-Walandi. Siswanipun angkatan pratama wonten 20 jalmi. Kala punika sedaya nganggé pendhapa kabupatèn Bandhung.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar