Kamis, 17 Februari 2011

Pangeran Diponegoro Java Version

Asal-usul Diponegoro

Diponegoro kuwi putra pambarep Hamengkubuwana III, raja Mataram ing Yogyakarta. Lair tanggal 11 November 1785 ing Yogyakarta saka garwa ampil kang asmané R.A. Mangkarawati, yaiku garwa ampil kang asalé saka Pacitan. Pangeran Diponegoro duwé jeneng asli Raden Mas Ontowiryo.
Mangertèni kalungguhané minangka putra saka garwa ampil, Diponegoro nulak kersaning sang rama, Sultan Hamengkubuwana III kang arep ngangkat dadi raja. Panjenengané nulak amarga ibuné dudu garwa padmi. Panjenengané kagungan garwa telu yakuwi: Bendara Raden Ayu Antawirya, Raden Ayu Ratnaningsih, lan Raden Ayu Ratnaningrum.
Diponegoro luwih kepéncut marang babagan agama lan cedhak karo rakyat saéngga luwih seneng manggon ing Tegalrejo, dalemé éyang buyut putri, permaisuri saka HB I Ratu Ageng Tegalrejo tinimbang urip ana ing kraton. Pambrontakané marang kraton diwiwiti nalika kapemimpinan Hamengkubuwana V (1822) yakuwi nalika Diponegoro dadi salah siji anggota perwalian kang ndhampingi Hamengkubuwana V kang isih umur 3 taun, déné pamaréntahan sadina-dina dicekel déning Patih Danurejo bebarengan karo Residen Walanda. Cara perwalian kaya mangkono kuwi ora disarujuki déning Diponegoro.

 Riwayat Perjuangan

Perang Diponegoro miwiti nalika Walanda masang pathok ing tanah duwèké Diponegoro ing désa Tegalrejo. Wektu kuwi, pamjenengané pancèn wis eneg karo tumindaké Walanda kang ora ngregani adat istiadat lan ngèksploitasi rakyat kanthi pajak.
Sikap Diponegoro kang nentang Walanda sacara terang-terangan, olèh simpati lan dhukungan saka rakyat. Kanthi saran Pangeran Mangkubumi, pamané, Diponegoro nyingkir saka Tegalrejo, lan gawé markas ing sawijining guwa kang jenengé Guwa Selarong. Wektu kuwi, Diponegoro nyatakaké yèn perlawanané kuwi minangka perang sabil, perlawanan ngadhepi kaum kafir. Semangat "perang sabil" kang dikobaraké déning Diponegoro nggawa pengaruh nganti tekan wilayah Pacitan lan Kedu. Salah sawijining tokoh agama ing Surakarta, yakuwi Kyai Maja, mèlu nggabung karo pasukan Diponegoro ing Goa Selarong.
Sajroning perang iki karugên pihak Walanda ora kurang saka 15.000 tentara lan 20 yuta gulden.
Manéka cara terus diupayakaké déning Walanda kanggo nyekel Diponegoro. Malah nganggo sayembara barang. Bebungah 50.000 Gulden diwènèhaké kanggo sapa waé kang bisa nangkep Diponegoro. Nganti pungkasané Diponegoro dijebak lan dicekel ing taun 1830.

 Penangkapan lan pengasingan


Lukisan Prastawa Penangkapan Pangeran Diponegoro déning VOC
  • 28 Maret 1830 Diponegoro nemoni Jenderal de Kock ing Magelang. De Kock meksa nganakaké perundingan lan ndesek Diponegoro supaya ngendhekaké perang. Panjaluk iki ditulak déning Diponegoro. Nanging Waelanda wis nyepakaké panyergapan kanthi tliti. Dina kuwi uga Diponegoro ditangkep lan diasingaké menyang Ungaran, banjur digawa menyang Gedhung Karesidenan Semarang, lan langsung menyang Batavia migunakaké kapal Pollux ing tanggal 5 April.
  • 30 April 1830 kaputusan wis metu. Pangeran Diponegoro, Raden Ayu Retnaningsih, Tumenggung Diposono lan garwa, sarta para pedhèrk liyané kaya Mertoleksono, Banteng Wereng, lan Nyai Sotaruno bakal dibuwang menyang Manado.

Siswondo Parman Java Version

Siswondo Parman




Siswondo Parman

Karir militer

Sawisé proklamasi kamardikan RI, S Parman mlebu TKR, bibit kawité militer Indonesia. Pungkasan Desember 1945, S Parman diangkat dadi Kepala Staf Polisi Militer ing Yogyakarta. Patang taun sawisé kuwi pindhah menyang Jakarta lan munggah pangkat dadi Mayor. Nalika kuwi S Parman mèlu tugas numpes pambrontakan "Angkatan Perang Ratu Adil" kang dipimpin déning Raymond Westerling, kang duwé rencana arep mrejaya Mentri Pertahanan lan Panglima Angkatan Bersenjata. [1]. Ing taun 1951, Parman dikirim menyang sekolah Polisi Militer ing Amérika Sarékat, lan ing tanggal 11 November taun kuwi uga, diangkat dadi Komandan Polisi Militer Jakarta. Sabanjuré S Parman mengku jabatan sawetara jabatan ing Markas Polisi Militer, lan ing Departemen Pertahanan sadurungé dikirim menyang London dadi Atase Militer ing Kadutan Indonesia ing London. [1]. Tanggal 28 June, kanthi pangkat Mayor Jendral, S Parman diangkat dadi Asisten 1 kanthi tanggung jawab bidang intelijen, sangisoré Kepala Staf Angkatan Darat Letnan Jendral Ahmad Yani.

Séda

Bebarengan karo para jéndral Angkatan Dharat liyané, Parman diculik ing wanci subuh tanggal 1 Oktober 1965 déning anggota G30S/PKI. Para penculik mlumpat pager ing dalemé S Parman kang dumunung ing Jalan Samsurizal No. 32, Jakarta. Ngira yèn ana rampok ing omahé tanggané, S Parman banjur tangi. Nalika mbukak lawang ngarep, S Parman adhep-adhepan karo para penculik kang kandha yèn diutus déning Presidhèn Sukarno.
Sawisé diwènèhi wektu kanggo ganti klambi, Parman njaluk marang garwané supaya lapor menyang komandané yakuwi Ahmad Yani, nanging kabel tilpun wis dikethok[2]. Parman diunggahaké truk lan digawa menyang pangkalan gerakan ing laladan Lubang Buaya. S Parman banjur ditémbak mati lan bebarengan karo para jéndral liyané dicemplungaké jroning sumur tuwa ing Lubang Buaya.
Jasad para kurban kasil ditemokaké tanggal 4 Oktober lan sabanjuré disarèkaké ing TMP Kalibata[3]. Dina iku uga, para kurban dianugerahi gelar Pahlawan Revolusi déning Presidhèn Sukarno[4]

Raden Ajeng Kartini Java Version

Kartini miyos ing Jepara ing tanggal 21 April 1879. Panjenenangipun putri satunggaling priyantun Jawi, Bupati Jepara, Radèn Mas Sosroningrat saking garwa ampil anami Ngasirah. Ngasirah punika larénipun Modirono utawi Ki Modirono. Miturut Pramoedya Ananta Toer, Modirono punika satunggiling mandhor pabrik gendhis ing Mayong, Jepara.[1] Sasanèsipun Kartini, Ngasirah ugi peputra Drs. R.M.P. Sosrokartono (1877-1951), kangmas Kartini ingkang misuwur dados satunggiling ahli basa weton Universitas Leiden. Lajeng kaliyan garwa padminipun, R.M. Sosroningrat pinaringan putra 8 malih.
Nami "Kartini" serta "Kartono" punika dipun-pendhet saking tembung "karta" utawi "karti" ingkang tegesipun "saé", "trepti" utawi "mukti". Tembung puniki asalipun saking basa Sangskreta kṛta ingkang tegesipun "suci" utawi "dinamel".
Senadyan satunggaling tiyang wadon, tiyang sepuh Kartini marengaken piyambakipun mlebet sekolah, satunggaling sekolah Walandi. Miturut Kartini piyambak punika satunggal-tunggalipun sekolah ing Jepara.[2] Ngantos yuswa 12 taun, Kartini saged sekolah. Wonten mriki piyambakipun sinau basa Walandi. Ananging rikala sampun yuswa 12 taun, piyambakipun kedah manggèn wonten ing griya amargi sampun piningit.
Amargi Kartini gadhah kasagedan basa Walanda, lajeng wonten griya piyambakipun miwiti sinau piyambak saha nyerat kaliyan réncangipun ingkang saking Walandi. Salah satunggiling inggih punika Rosa Abendanon ingkang kathah ndukung piyambakipun.
Lajeng Kartini dipundhawuhi krama kaliyan bupati Rembang, ingkang sampun kagungan garwa tiga.[3]. Kanggé Kartini bab punika arupi satunggiling panisthan ingkang dipunadhepi kanthi tabah. Nyatanipun ingkang garwa mboten patos awon dhumateng Kartini, lan Kartini dipunparingi kabébasan rélatif. Ingkang garwa mangertos punapa ingkang dados gegayuhanipun Kartini, lan Kartini dipunparingi kabébasan lan dipun paringi dhukungan kanggé ngadegaken sekolah wanita ing sisih wétan gapura kompleks kantor Kabupatèn Rembang, ing satunggiling bangunan ingkang dinten punika dipunginakaken minangka Gedhung Pramuka.

Putra pratami lan ugi ingkang pungkasan lair ing tanggal 13 September 1904, lan sawetawis dinten sasampunipun, Kartini séda ing yuswa 25 taun. Amargi kagigihanipun Kartini, saged dipunadegaken satunggiling Sekolah Wanita déning Yayasan Kartini ing Semarang, wonten ing taun 1912, lan salajengipun wonten ing Surabaya, Yogyakarta, Malang, Madiun, Cirebon lan kitha sanèsipun. Nami sekolah kasebat inggih punika "Sekolah Kartini". Yayasan Kartini punika dipunadegaken déning kulawarga Van Deventer, satunggiling tokoh Pulitik Etis.
Présidhèn Soekarno ngedalaken Kaputusan Presidhèn Republik Indonesia No.108 Taun 1964, tanggal 2 Mei 1964, ingkang netepaken Kartini minangka Pahlawan Kamardikan Nasional sakantenan netepaken dinten klairan Kartini, tanggal 21 April, supados dipunpèngeti saben taun minangka dinten riyaya ingkang salajengipun dipunwastani pahargyan Dinten Kartini.

Cut Nyak Dhien Java Version

Cut Nyak Dhien

Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Cut Nyak Dhien
Cut Nyak Dhien (Lampadang, 18486 November 1908, Sumedang, Jawa Barat; dimakamké ing Gunung Puyuh, Sumedang), kuwi sawijining Pahlawan Nasional Indonésia saka Aceh kang berjuang nglawan Walanda ing mangsa Perang Aceh. Sawisé wilayah VI Mukim diserang, panjenengané ngungsi, sauntara garwané, Ibrahim Lamnga mèlu perang nglawan walanda. Ibrahim Lamnga tèwas ing Gle Tarum tanggal 29 Juni 1878 kang nyebabaké Cut Nyak Dhien murka lan sumpah bakal numpes Walanda.
Teuku Umar, salah siji tokoh kang nglawan Walanda, nglamar Cut Nyak Dhien. Wiwitané Cut Nyak Dhien nulak, nanging amarga Teuku Umar ngidinaké mèlu perang, Cut Nyak Dhien setuju palakrama ing taun 1880 kang nyebabaké moral pasukan perlawanan Aceh tansaya ningkat. Tembé mburi Teuku Umar lan Cut Nyak Dhien kagungan putra kang asmané Cut Gambang.[1] Sawisé nikah karo Teuku Umar, panjenengané bebarengan karo Teuku Umar nerusaké paperangan nglawan Walanda, nanging, Teuku Umar gugur wektu nyerang Meulaboh ing tanggal 11 Februari 1899, saéngga panjenengané berjuang dhéwé ing pedalaman Meulaboh karo pasukané. Cut Nyak Dien wektu semana wis tuwa lan duwé penyakit encok lan rabun, saéngga siji anakbuahé aran Pang Laot nglaporaké awit krasa mesakaké.[2][3] Wusanané Cut Nyak Dhien dicekel lan digawa menyang Banda Aceh, kangggo dirawat lan penyakité wiwit mari, nanging, panjenengané banjur nambah semangat perlawanan rakyat Aceh sarta isih kekanthèn karo para pejuang Aceh kang durung kecekel, saéngga Cut Nyak Dhien banjur dipindah menyang Sumedang, Jawa Kulon, lan sabanjuré séda ing tanggal 6 November 1908 lan disarèkaké ing Gunung Puyuh, Sumedang.

Cut Nyak Meutia Java Version

Cut Nyak Meutia

Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Cut Nyak Meutia (1870 Pirak, Keureutoe, Aceh Utara-24 Oktober 1910) kuwi pahlawan nasional Indonesia saka dhaérah Aceh. Panjenengané disarèkaké ing Alue Kurieng, Aceh
Wiwitané Cut Meutia berjuang nglawan Walanda bebarengan karo garwané, yakuwi Teuku Muhammad, utawa Teuku Cik Tunong. Nanging ing sasi Maret 1905, Cik Tunong kecekel déning Walanda lan diukum mati ing pinggir panté Lhokseumawe. Sadurungé séda, Teuku Cik Tunong pesen marang sahabaté Pang Nagroe supaya gelem nikah karo garwané lan ngrawat anaké, Teuku Raja Sabi.
Cut Meutia banjur nikah karo Pang Nagroe, nurut wasiat garwané, lan nggabung karo pasukan liyané ing sangisoré pimpinan Teuku Muda Gantoe. Ana ing sawijining pertempuran karo Korps Marechausée ing Paya Cicem, Cut Meutia lan para wanita mlayu mlebu alas. Pang Nagroe dhéwé terus nglawan nganti pungkasané tiwas ing tanggal 26 September 1910.
Cut Meutia banjur bangkit lan terus nglawan bebarengan karo sisa-sisa pasukan. Panjenengané nyerang lan ngrampas pos-pos kolonial sinambi maju menyang Gayo ngliwati alas. Nanging ana ing tanggal 24 Oktober 1910, Cut Meutia lan pasukkané tarung karo Marechausée ing Alue Kurieng. Jroning perang campuh mau Cut Nyak Meutia gugur.

Ki Hajar Dewantara Java Version

Ki Hajar Dewantara

Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Ki Hadjar Dewantara (Yogyakarta, 2 Mei 188926 April 1959) kuwi sawijining pelopor pendhidhikan kanggo kaum pribumi Indonesia ing zaman penjajahan Walanda.
Lair kanthi jeneng Raden Mas Suwardi Suryaningrat, Ki Hajar Dewantara ngadegaké perguruan Taman Siswa sing mènèhi kasempatan marang para pribumi supaya bisa olèh pendhidhikan kayadéné para priyayi utawa wong-wong Walanda.
Tulisan Ki Hajar Dewantara sing misuwur yakuwi "Yèn Aku Wong Landa" (irah-irahan asli: Als ik eens Nederlander was), dipacak ing surat kabar de Expres duwèké Dr. Douwes Dekker, taun 1913. Artikel iki ditulis jroning kontèks rencana pamaréntah Walanda ngumpulaké sumbangan saka Hindia Walanda (Indonesia), sing wektu kuwi isih durung mardika, kanggo prayaan kamardikan Walanda saka Prancis. Ki Hajar Dewantara séda tangggal 26 April 1959 lan disarèkaké ing Wijayabrata, désa Mlati, Sleman, Yogyakarta. Tanggal lairé, 2 Mei, sabanjuré didadèkaké Dina Pendhidhikan Nasional ing Indonesia. Ki Hajar Dewantara dikenal minangka Bapak Pendhidhikan Indonesia lan pasuryané bisa dideleng ing dhuwit kertas pecahan Rp20.000.

dewi Sartika Java Version

Dewi Sartika

Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Déwi Sartika
Dewi Sartika (Bandhung, 4 Desember 1884 - Tasikmalaya, 11 September 1947), punika tokoh Sundha ing widhang pandhidhikan kaliyan kabangkitan kaum èstri. Dipunakeni satunggiling Pahlawan Nasional déning Pamaréntah RI taun 1966.

 Babad salira

Dewi Sartika miyos saking kulawargi ménak (Priyantun) Sundha, Nyi Radèn Rajapermas kaliyan Radèn Somanagara. Sanadyan nglanggar tradhisi kala punika, tiyang sepuhipun nyekolahaken Dewi Sartika wonten ing satunggiling sekolah Walandi. Sasampunipun bapanipun séda, lajeng Dewi Sartika dipunopèni déning pakdhénipun (kangmas ibunipun) ingkang kagungan pangkat patih ing Cicalengka. Saking pakdhénipun, Dewi Sartika pikantuk pendhidhikan prakawis kabudayan Sundha, wondéné wawasan kabudayan Kilèn piyambakipun pikantuk saking nyonyah sémahipun satunggiling Asistèn Résidhèn.

[sunting] Yasanipun

Ing 16 Januari 1904, Dewi Sartika mbikak Sakola Istri (Sekolah Wanita) ingkang kapisan saubengipun Hindia-Walandi. Siswanipun angkatan pratama wonten 20 jalmi. Kala punika sedaya nganggé pendhapa kabupatèn Bandhung.

Rabu, 09 Februari 2011

 ANNOUNCEMENT

To all readers of the Hello Magazine,
We would like to inform you that starting from this edition, all inquiries, subscription, and letters concerning the Hello Magazine should be addressed to :
Hello Magazine, 251 Palapa Dua Street Jakarta
HAPPY BIRTHDAY

Please come to a party
To celebrate the sixth birthday
Of
Eliza Keith Brown
Daughter of Mr. Andreas Keith Brown
Sunday, October 17th
1.0 pm 3.00 pm
West Landing Avenue Apt 25
452 Cuponke Lane
RSVP to Jeannie or Jose
976-680-5632
Defy, don’t forget our appointment to study together.
I wait you at my home at 3 p.m. Be punctual.
CU ….. Nisa

Report Text

Kangaroo, the Australian Identity
The first kangaroos in Australia lived in the forest. They ate only insects and were about the size of large rats. They developed from type of possum that came down from the trees to search for food on the forest floor. Today the kangaroos are much bigger than the ancient kangaroos. The smallest kangaroos weigh 500 gram.
There are many types of small kangaroos in Australia although most people only see and hear the big ones. A lot of the smaller kangaroos, such as burrowing and brush-tailed bettongs, are in danger of extinction. The sheep, cattle and rabbits eat their food and the tall grasses the use to shelter from predator like foxes and feral cats.
The kangaroos’ hop is very unusual. It is different from the jump of a large animal. If you try to hop up the street like a kangaroo, you will get tired quickly. A kangaroo can jump 65 km/h. It has hind legs that can store a lot of energy when it hops. Its stomach pumps air in and out of their lungs and saves their muscles a lot of work.
Kangaroos are marsupials. They rear their young in a pouch-like koalas and wombats. In a good condition the females of some kangaroos (for example, the red) are almost always pregnant. A day or two after the joey is born she mates again. A female kangaroo can produce different milk from different teats for the older and younger joeys.

Recount Text

Last month, my family took a camping trip to the mountains. We went hiking and cycling every morning.
At night, we usually built a fire. I had to keep the fire burning. We could sit around it and sing until midnight. One night, while my mother was telling a ghost story, we heard a strange sound. We went out to see what it was. We saw a wild boar eating our food supplies. The boar ran away and disappeared into the wood. We laughed when we saw that the boar was afraid of us.
On the last day, a bad thing happened, my brother, Luki, tripped on a hidden log and hurt his foot. We took him to the nearest hospital. The doctor said that the injury was not too bad. He just had to go to the doctor for more therapy in a couple of days. We went home happily.

narrative text

The Tortoise And The Ducks

The Tortoise carries his house on his back. No matter how hard he tries, he cannot leave home. They say that Jupiter punished him so, because he was such a lazy stay-at-home that he would not go to Jupiter's wedding, even when especially invited.
After many years, Tortoise began to wish he had gone to that wedding. When he saw how gaily the birds flew about and how the Hare and the Chipmunk and all the other animals ran nimbly by, always eager to see everything there was to be seen, the Tortoise felt very sad and discontented.
He wanted to see the world too, and there he was with a house on his back and little short legs that could hardly drag him along.
One day he met a pair of Ducks and told them all his trouble.
"We can help you to see the world," said the Ducks. "Take hold of this stick with your teeth and we will carry you far up in the air where you can see the whole countryside. But keep quiet or you will be sorry."
The Tortoise was very glad indeed. He seized the stick firmly with his teeth, the two Ducks took hold of it one at each end, and away they sailed up toward the clouds.
Just then a Crow flew by. He was very much astonished at the strange sight and cried:
"This must surely be the King of Tortoises!"
"Why certainly——" began the Tortoise.
But as he opened his mouth to say these foolish words he lost his hold on the stick, and down he fell to the ground, where he was dashed to pieces on a rock.
Foolish curiosity and vanity often lead to misfortune